Selasa, 01 November 2011

contoh ATUR PASRAH TEMANTEN

Nugroho soho sih wilasaning gusti, mugi tansah kajiwo, kasariro dumateng kito sedoyo, waradin sagung dumadi.

Nuwun sagunging poro tamu kakung sumawono putri, wredo mudo ingkang hanggung marsudi luhuring kautaman. Langkung-langkung poro sarjono sujaning budi, miwah poro alim ulama, kyai ingkang siyang ratri, tansah sumanding kitab suci, sarono kiblating panembah soho panuntuning budi luhur.


Saderengipun kulo matur, langkung rumiyin kulo nuwun gunging pangaksami jalaran kulo kumowantun munggel pangandikan, nyahak kamardikan dumateng panjenengan sami. Jalaran awrating jejibahan kulo minongko talanging atur saking pepunden kulo bopo ................... sekalian garwo.

Wigatosipun kinen nyowanaken putro calon pinangantin kakung ingkang sesilih bagus ......................

Saderengipun kulo hanjangkepi atur, salam taklim saking panjenenganipun bopo soho ibu .................. mugi katur dumateng panjenenganipun bopo soho ........(beksan).

Soho lampah kulo anganti putro calon pinanganten kakung dalasan pangombyong, wiwit saking tlatah .......... dumugi papan meniko lulus raharjo tanpo pambeng satunggal punopo.

Kajawi saking meniko, minangkani pamundutipun pamangku gati, mbokbilih ing titi wanci wekdal puniko, kulo sampun kasembadan nyowanaken putro calon pinanganten kakung pun bagus ........................ ingkang bade anjatu krami atmojo putri saking panjenenganipun bopo soho ibu .................(beksan) ingkang sesilih rara ayu ...........

Mugi-mugi berkah pangestunipun poro sepuh miwah rahmating gusti ingkang moho agung, andayanano dumateng putro kekalih anggenipun sami bangun bebrayan. Satemah anyipto kaluargo ingkang sakinah, mawadah, waromah. Jumbuh kang ginayuh, sembodo kang sinedyo, dadi kang kaesti.

Sagunging poro pepunden, mbok bilih hamung meniko ingkang saged kulo aturaken, wulayan saking pepunden kulo bopo soho ibu ................ lumantar kawulo. Mestikemawon gonyak ganyuk kurang anuju prono, jalaran kiranging sesrepan, cubluking pangertosan. Nglengggono kulo hamung titah sawantah, tasih kasinungan kalepatan.

Awit saking puniko, kunjuk dumateng poro sesepuh, keparengo kulo nuwun lumunturing sih pangeksomo.

Nuwun.

sumber: ps29semarang.blogspot.com

1 komentar:

  1. mas / pakde....itu bahasa yang digunakan tau artinya apa tidak???? masih banyak yang kurang pas...
    contohnya : kata kito, sumawono, pepunden...
    mohon dijelaskan

    BalasHapus